Sabtu, 06 Oktober 2012

BANYUMAS AIR LINES KWKWKWK

Baru saja di launching pesawat baru "BANYUMAS AIR"
Sangat nasionalis fanatik kedaerahan.

Saat Pramugari , memberikan instruksi ke penumpang pesawat, beginilah jadinya :

"Sedulur-sedulur penumpang, dela mening motor mabur arep mabur...
Sedurunge, nyong karo pramugari liyane arep nidokna cara-cara ngadepi keadaan darurat...

Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor korsi, dinggo nek motor mabur mandeg nang nduwur laut...
Carane jukut klambi sekang slesepan terus dinggo, tarik taline men klambine mlembung..dadi rika kabeh ora pada klelep nang laut ..

Pipa karet didamu ben lampune kedap kedip dadi bisa dideleng sekang kadohan...

Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, nek konangan, rika bisa ditempilingi ...

Montor mabur kiye ana enem lawange, loro nang ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi...

Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng..

Nek masker mecotot, gagian dinggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi...

Semono pengumuman seka nyong, anger arep maca majalah apa koran, kuwe ana nang slesepan kursi ngarepe rika kabeh...

Nek arep muntah, nganggo plastik nang ngisor jok,, aja janji muntah koprat kapret njijiih,, inyong sing repot nggole ngresiki,ngerti..

Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi. Aja nguyuh karo udud nek konangan tek uyuih sisan.
Aja ngising disit ya,, nek mabur mbok taine nibani bumi. Nek belet ngising nang bandara baen nek medun.

Aja nguyuh nang kakus ngarep, kae kakuse wong sugih...

Wis lah, cangkeme kesel, moga-moga slamet waras bisa mudun maning.
Kaya kuwe baen ya?. suwun...".

Oh iya, ngapura ya sing nggawa dage nek ora mendoan tulung njaluk lah aku kencot pisan awit mau esuk urung sarap."
 

0 komentar:

Posting Komentar